Pas dalam rangka acara Festival Band Smada’89, Arek2 di-dhom nggo nganter undangan. Aku karo Aboe kebagian nang Malang.
Nganggo motor silihan thek-e Benny, budhal nang Malang esuk umun2.
Tekan daerah Ngantang, lagi sadar lek dompet-e Aboe ceblok.
Padahal STNK and dhuwit sangu nggo bensin & mangan nang kono kabeh.
Akhire, daripada muter2 nang Malang & kuatir kentekan bensin (ngerti dhewe, motore Benny khan termasuk road race kelas “underbone”, lha piye, karek rongko thok lan ngelak bensin he…he…), nduwe ide nang Suroboyo, nggone Bedhe.
Tekan Gempol pas mangan awan.
Ngelak + luwe, akhire mampir nang warung, persis nang simpang tol Gempol. Ben ngirit… mangan sop, sego …separo!, lawuh tempe….thok ndiiil !, ngombene banyu putih.
Jan …melasssss banget.
Alhamdulillah,
iso nyampe Gunungsari – Suroboyo nggone Bedhe.
Ditawari mangan,
yo akhire ‘cangkulan’ ra ukuran.
Bengi, ditraktir Bagyono arek 91 nonton film nang TP karo Dian + Diah.
Esuke bali nang Malang, disangoni 10 ewu karo ibuke Bedhe.
Kebalikan 180 derajat, sedelo2 mampir tuku es. Nganti mulih nang kediri iso nggowo oleh2 apel kanggo nyuap Benny.
Lha wong STNK-ne …ilang !!!
Hyahaha…
(Yudhi PN’90- Scorpion/F2)
No related posts.
Hidu perjuangan